Home » » Rangkuman Bahasa Jawa Kelas II

Rangkuman Bahasa Jawa Kelas II


RANGKUMAN BAHASA JAWA
KELAS II


1.     Pandawa cacahe ana lima. Sebabe diarani pandawa amarga anak lima lanang kabeh.
2.     Pandawa yaiku : Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula, Sadewa
3.     Bapake pandawa yaiku Prabu Pandu Dewanata
4.     Ibuke Puntadewa, Werkudara, Janaka, yaiku: Dewi Kunthi
5.     Ibuke Nakula Sadewa yaiku : Dewi Madrim
6.     Pandawa duwe watak becik budi pekertine
7.     Punakawan cacahe ono papat. Yaiku Semar, Gareng, Petruk, Bagong
a.      Semar : watake sabar, seneng menehi piwulang, aji-ajine arupa entut
b.     Gareng: awake kuru, mripate rada kera, tangane ceko, yen mlaku jinjit
c.      Petruk :dedege dhuwur, irung lan gulune dawa, gamane pethel, demen tetulung, gojekan
d.     Bagong : cukure aran Gombak, mripate amba, lambene ndomble, awake ipel-ipel mblegug, watake sakarepe dewe, jujur, sekti
8.     Kurawa iku memungsuhan karo pandawa. Kurawa cacahe ono satus
9.     Tembang dolanan yaiku tembang kang dinyanyikke bocah cilek karo dolanan.
Tuladhane : jamuran, jaranan, gundul-gundul pacul, cublak-cublak suweng
10.                        Tembung kosok balen:
Tuladha : sregep >< kesed
                resik >< reged
                gede >< cilik
                gasik ><  kawanen
11.                        Tembung pitakonan : Apa, Sopo, Piro, Ngopo
Tuladha : Ngopo ora mlebu sekolah?
                Jam piro mangkat ning Solo?
12.                        Aranan jenis gamelan :
Suling, kendang, gong, siter, bonang, kecrek, saron, rebab
13.                        Gawe tembung.
Tuladha : disanguni
Wangsulan : Aku disanguni ibu sego karo endog
14.                        Aksara murdha : ( ngowahi dadi penulisan sing bener )
Sing ditulis huruf gede awalan jeneng uwong, kota, dina, wulan, awalan kalimat
Tuladha : ibu karo budi menyang solo dina rabu
Wangsulan : Ibu karo Budi menyang Solo dina Rabu


         

0 Comments:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.